Tuesday, May 4, 2010

Alun - Alun Nganjuk

Lunga tak anti - anti kapan nggonmu bali
Mecak’e endahing wengi kutha Nganjuk iki
Sumilir angin wates nggugah kangene ati
Apa kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni

Ning alun - alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondheli

Lali tenan to dhik nggonmu janji - janji ?
Disekseni lampu alun - alun iki
Lali tenan to dhik karo aku iki ?
Ning terminal stasiun nggonku nggoleki

Denpasar Arjosari

Tanggal 30 Oktober dek wingi
SMSmu isih ono Hp iki
Tak simpen ono njero Folder Pribadi
Terus tak woco saben awan saben bengi
Soko terminal Arjosari (Arjosari)
Kowe pamit budhal nang Mbali (nang Mbali)
Emboh Denpasar embuh ngendi (Pasar Sapi)
Emboh Kecantol cowok australi

Barang saiki kok ngajak bubar
Opo kowe kepincut cowok Denpasar
Keputusanmu Bulat tekatmu
Mung pandunganku padhango dalanmu


Sing penting aku wis tau ngrasakke
Yen ngajak pisah aku mung manut wae
Joko dudo Denpasar akeh tunggale
Pilih ketut, opo Wayan opo Made

Ora prawan ora Rondho
Aku ngerti kowe sopo
Ora joko ora dudo
Karo aku jane podho
Aku wes mbok wanti-wanti
Ojo nganti aku lali
Tapi engkau lupa diri
Cintaku kau bawa pergi

Timbang Mikir kowe penak turu wae
Sopo ngerti aku ngimpi pethuk kowe
Njrone ngimpi terus tak jak ngene??
Yen ra gelem penak diplekotho wae….

Novita : Jaket kulit ( prapatan jalan mastrip )

Langit mendhung Tumiyun mudhun ngebis udan grimis
Esemmu wis mapagake aku.
Mbok lepas jaketmu njur mlayoni aku
Kangen tak suntak nong rangkulanmu

Prapatan jalan Mastrip saksi ketemuan iki
Nadyan tanpa ucap aku ngerti
Soroting mripatmu kebak kangen rindu
Grimis saya deres nganti pada ra ngerteni


Nganggo jaketmu iki udan grimis mbok payungi
Tanda katresnanmu sak tenane aku ngerti.
Nganggo jaketmu iki udan grimis mbok payungi
Merga jaket iki tresnaki tansaya ndadi

Cak Dikin : Gulu Pedhot

Dudu watu yen di arani pasir
Watu kambang keli ono ing pinggir
Lagi ketemu aku wis kroso naksir
Kelisikan koyo kelangan pikir

Wit kelopo kuwi jenenge gelugu
Di sigari diporo dadi pitu
Saben dino aku rabiso turu
Kangen diko ngomong ora kewetu

Areng areng bakar gedang nganggo geni
Sampe gering awakku iki mikiri
Gedang rojo sak tundun dipangan codot
Timbang wurung aluwung guluku pedhot

Godok sawi di urap karo kelopo
Ati iki aseline mung kanggo diko
Gedang rojo sak tundun di peretheli
Yen ra percoyo bedahen dodo iki



Yen ra percoyo bedahen dodo iki
Timbang wurung aluwung guluku pedhot

Yen ra percoyo bedahen dodo iki
Timbang wurung aluwung guluku pedhot